Lare Gunung (Live at Artjog ‘24|Explicit)-文本歌词

Lare Gunung (Live at Artjog ‘24|Explicit)-文本歌词

The Melting Minds&Farooeeesss
发行日期:

Biyungalah, gene urip nang ndeso ki penake koyo ngene Ibarat ngelih arep mangan gur gari ramban Biyuh… jyan… Gene ki yo kembang turi ki ting plenor Arak loro… Liyane dho nyuntikke, gur gari sambelke bawang genah kemepyar Kurang piye meneh jal urip nang Gunungkidul iki ki? Urip nang ndeso, awor tonggo, srawung tepung apik, ulat dho sumringah Mas Faris! Woy, Lik! Ngarit? Ning yo mung kae Gur nek pas ndilalah ki ketemu usum ketiga ngene iki lho Uwis angel pakan, arak ngarit kok kalanjana entek do rigis Gek kewan dho ting brengok, jyan! Marai sirah ting celekot! Celekot Celekot! Arak kepiye ya iki? Hmmm….. Marem aku! Rumangsaku ket mau namatke kiwo tengen kok ora eneng kalanjana sing dho ketok ngrembyak-ngrembyak to? Yuh alah, arak kepiye iki? Woalah, ono gur abrakan kaya ngene kok yo sido mlempem Gek nek tuku koyo ngene iki kudu nganggo duit Gek saiki larang pakan arep tuku tebon ki yo nganggo duit Opo-opo kok gur duit! Duit! Duit! WO LHA BIYANGANE!