Pak paijo, mangkat sekolah Ra nduwe bojo, ora masalah Panen brambang, diwadhahi godhong, Wis kadung sayang, malah digondhol uwong Pasar Bandar, Pasar Tugu, Atiku ambyar, mergo sliramu yen duwe jaran, ojo dikasari, Awale njaluk saran, akhire dipacari Sego liwet, lawuhe jlantah Sego rawon, kurang uyah. sampun tanglet kapan nikah, Pacar mawon, kulo dereng gadah Pring bumbung, wadhahe bakmi, Karepe nembung, malah diulemi Biso nembang, Biso nyuling, Biso nyawang, ora Biso nyanding Golek banyu nang pinggir kali, Dinggo raup rasane anget Kowe ojo nganti lali, Mergo aku sayang banget Sego liwet, lawuhe jlantah Sego rawon, kurang uyah. Ampun tanglet kapan nikah, Pacar mawon, kulo dereng gadah Jangan bayem, lawuh krupuk, Disawang ayem, tapi atiku remuk Jangan nget-ngetan ora indah, Yang dirindukan malah pindah