[Rapped Verse 1 Yo, iki jamane layar sing dadi ratu, Urip nyekel hape, nyawang khodame metu. Foto profil kinclong, nyatane ora seindah disangka, Kabeh katon sampurna, tapi mung gawe lamis rasa. Update status kaya wong sugih, Nyatane doyane ngutang ora mulih. Komen pinter kaya pakar telematika, Padahal nyambut gawe,nang mburi meja. [Chorus Dunia maya, kabeh mung tipu daya, Senyum palsu, nggawe ati bingung padha. Realita versus maya, kowe pilih sing endi, Urip nyata utawa milih ilusi ? [Rapped Verse 2 Scroll terus, awake lali karo wektu, Cerito bengi, ngantikan lali turu. Nyebar gosip cepet, kaya angin nggawa kabar, Tapi tanggung jawab ilang, kabeh mung sakedar. Follower akeh, tapi sepi nyambut gawe, Kanca'e akeh, namung modal lambe. Melu tren, viral nganggo aplikasi anyar, Tapi urip sejati ketinggalan, ora jembar. [Chorus Dunia maya, kabeh mung tipu daya, Senyum palsu, nggawe ati bingung padha. Realita versus maya, kowe pilih sing endi, Urip nyata utawa milih ilusi ? [Bridge Yo, ayo sadar, ojo terus-terusan, Nyekel layar, emut sing mbayar. ngibadah limang wetu aja nganti keri, rika nyesele jelas, nang mburi.