== DURUNG PAYU == Kula iki mung wong desa Wong bli duwe lan sederhana Ora ayu, ora bagus rupa Harta lan pekaya ora nana Senajan kula wong bli duwe Kula normal kaya sejene Pengen disayang lan dicinta Ngarep aken urip rumah tangga Bagen kula durung payu Tapi emong kula diwayu Arep sabar sun menunggu Sampe kapan bae ketemu Kabeh upaya wis tek coba Apa daya durung ana Wong lanang sing gelem kula Ya wis bagen wis ora papa Duh gusti, tulung nasibe kula Aja sampe dadi prawan tua Awan bengi ati nelangsa Kiwe tengen isin karo tangga Ora kudu wong sugih harta Ora kudu lanang sing jaka Pasti kula gelem nerima Asal sayang lan eman kula Senajan kula wong bli duwe Kula normal kaya liyane Ngarep aken sayang lan cinta Pengen gage rumah tangga Ora kudu wong sugih harta Ora kudu lanang sing jaka Pasti kula gelem nerima Asal sayang lan eman kula