== DURUNG PAYU ==
Kula iki mung wong desa
Wong bli duwe lan sederhana
Ora ayu, ora bagus rupa
Harta lan pekaya ora nana
Senajan kula wong bli duwe
Kula normal kaya sejene
Pengen disayang lan dicinta
Ngarep aken urip rumah tangga
Bagen kula durung payu
Tapi emong kula diwayu
Arep sabar sun menunggu
Sampe kapan bae ketemu
Kabeh upaya wis tek coba
Apa daya durung ana
Wong lanang sing gelem kula
Ya wis bagen wis ora papa
Duh gusti, tulung nasibe kula
Aja sampe dadi prawan tua
Awan bengi ati nelangsa
Kiwe tengen isin karo tangga
Ora kudu wong sugih harta
Ora kudu lanang sing jaka
Pasti kula gelem nerima
Asal sayang lan eman kula
Senajan kula wong bli duwe
Kula normal kaya liyane
Ngarep aken sayang lan cinta
Pengen gage rumah tangga
Ora kudu wong sugih harta
Ora kudu lanang sing jaka
Pasti kula gelem nerima
Asal sayang lan eman kula