Sekolah duwur2
Ben ISO dadi pejabat
Golek Duwet sek okeh
Ben ISO konglomerat
Ra ngurus masyarakat
Seng tambah Soyo mlarat
Pokoke wujud duet
Langsung wae di sikat
.
Iki Negoro
Negorone wong wong gede
Kabeh masyarakat e
Ibarat penonton e
Meng ISO ngematke
Karo mringis Dewe
Delok polahe
Marai mumet ndase.
.
Aturan di gawe
Dingo ngregani
Nek Ono duwite
Liwat lawang mburi
Pirang taun suene
Gari nego siasi
Nek cocok rembuke
bebas tanpa sangsi
.
Reff
Negoro ROSO surgo
Dingo seng due bondo
Pejabate Mulyo
Wargo ne sengsoro
.
Negoro sek sugeh
Gemah Ripah lojinawi
Seko tambang berlian
Tekan tambang besi
Sak tanjep e woh wohan
Mesti tetep dadi
Neng Yo kui
Kabeh rauk oligarki
.
Kabeh wargone
Ibarat dadi wayange
Dikon jungker walik
Nglundug mrono mrene
Bakal di gagas
Nek lagi butuhke
Go nambah suoro
Pas kampanye contone
.
Rasah do kaget
OPO meneh gumun
Pancene aturan
Meng dingo wangun2
Kanggone wong wong gede
Rasah di pikerke
Kanggone wong cilik
Kesempatan di peres dite
.
Tugase akdewe
Mung ISO ngawasi
Mlakune aturan
Nang Negoro Iki
Kudu pinter
LAN kudu nyeleksi
Sopo sek mimpin
Negoro ibu Pertiwi
.
Rasah do bingung
Op meneh kuatir
Saiki Noto awak
Karo Noto piker
Pinteng sehat waras
Ben ISO golek mener
Rasah piker Jero
Ndak ne malah kenter
.
Pesenku Yo mung siji
Ojo lali marang Gusti
Dongo di okehi
Di tambahi Karo ngaji
Ben akdewe Mulyo
LAN okeh rejeki
Nek wes tekan wektune
Ben ISO Munggah kaji