Sumingkire mendung kesapu angin
Padange langit wengi…
Ketingal cahya mbulan ing awang awang
Sapa sing ngreronce siji lan sijine
Tumata lintang jejer – jejer…
Kerlap - kerlip tanpa leren tanpa sesambat
Nglirwakake jagad donya sak isine
Ati kegawa hawa dadi adem
Mertelakake kuasaning Gusti
Kang nyipta jagad sak isine
Ati kegawa hawa dadi adem
Tansah memuji ingkang Maha Agung
Wujud bungahing manah saking titah
Sumingkire mendung kesapu angin
Padange langit wengi…
Ketingal cahya mbulan ing awang awang
Sapa sing ngreronce siji lan sijine
Tumata lintang jejer – jejer…
Kerlap - kerlip tanpa leren tanpa sesambat
Nglirwakake jagad donya sak isine
Ati kegawa hawa dadi adem
Mertelakake kuasaning Gusti
Kang nyipta jagad sak isine
Ati kegawa hawa dadi adem
Tansah memuji ingkang Maha Agung
Wujud bungahing manah saking titah