Jejantunging kalbu-文本歌词

Jejantunging kalbu-文本歌词

Pandu Pro
发行日期:

Parasmu tansah hang lam-lami ati

Sinawung wulane ndadari

Lirihing pangucapmu

Ken tansah ngreridu

Eling esemmu wong ayu

Sira mung dadya puspita aneng nendra

Ngambara ambidhung nala

Angenku among tansah sumandhing klawan sira

Parandene limbangana

Nyendhero pundhakku tak elus rikmamu

Aja mung sujana dhuh wong ayu

Ngalema mring aku tak sawang asemmu

Yha mung sira jejantunging kalbu

Sumebyare lintang rinengga imbange tawang

Yha mung sira dhuh nimas kangsung sayang

Sira prasetyaku uga ngrenggani tresnaku

Kene tak kudang wong ayu

Nyendhero pundhakku tak elus rikmamu

Aja mung sujana dhuh wong ayu

Ngalema mring aku tak sawang asemmu

Yha mung sira jejantunging kalbu