ana cerita bab urip menungsa,

ingkang rekasa merga kakean dosa,

ora nglakoni dawuhe gusti,

malah mung kemaki,

lali solat lali ngaji

wes suwene urip nanging lali karo ngibadah,

ojo kakean polah, ndak uripmu soyo ra genah,

bolabali dikandani, tapi ora ngrumangsani,

ora solat ora ngaji, ning neroko wes mesti,

ojo padha mabuk, ojo gampang kabujuk,

nafsu angkara setan wes bakal lali ro dalan,

ojo dumeh, aku mung ngelingke,

nanging tembe mburine koe sing nglakoni dewe,

becik mesti ketitik, ala bakal ketoro,

tumindhak sing lempeng, ojo ngasi neko neko

sugih bandha ne dunya, ora bakal di gawa,

mugi gusti pangeran, saget ngelebur dosa,

ana cerita bab urip menungsa,

ingkang rekasa merga kakean dosa,

ora nglakoni dawuhe gusti,

malah mung kemaki,

lali solat lali ngaji

elingo elingo koe kabeh manungso,

awakdewe udu opo opo mung numpang urip neng dunyo, bondho karo nyowo, titipan sing kuoso,

golek sugihe dunyo tapi ojo lali suargo,

pancen gampang carane golek ganjaran,

tapi sing nglakoni, lhakok mung sitik tenan,

pancen pancen, larang carane golek dosa,

tapi sing nglakoni, kok malah pirang pirang,

cobo gatekke sabdane kanjeng nabi muhammad,

nindakke ajarane lan ojo lali solat,

manungsa mabuk judi maksiat kok malah nekat,

sesuk tanggung jawabe pas neng akhirat,

ana cerita bab urip menungsa,

ingkang rekasa merga kakean dosa,

ora nglakoni dawuhe gusti,

malah mung kemaki,

lali solat lali ngaji

ana cerita bab urip menungsa,

ingkang rekasa merga kakean dosa,

ora nglakoni dawuhe gusti,

malah mung kemaki,

lali solat lali ngaji